HILANG
Rapuh rasaku
Hempas tubuhku
Badaipun derita menerpa
Meremukkan seluruh jiwa
Hembus angin malam..
Membelai tajuk pelukan asa
Serasa hati hilang mengembara
Angan terbang tak bertujuan
Aku berdiri tanpa tulang
Tulang yang dahulu menopangku
Aku melangkah tanpa arah
Arah yang dahulu menuntunku
Minggu, 04 November 2012
Jumat, 02 November 2012
Kamis, 01 November 2012
PUISI (BAHASA MIMPI)
BAHASA MIMPI
Karya : Ike Karunia S
Kudengar bahasa sunyi
Berhembus disetiap sudut mimpi
Sunyi namun terdengar nyata
Tatkala bintang bercerita
Kisah yang meluluhlantahkan jiwa
Kini benar ku sadari
Mimpi menjelma bak kisah suram
Melangkah menghantui jalanku
Takut...
Aku teramat takut...
Membuka tirai matapun aku taksanggup
Bagaimana tidak?
Saat aku mulai memandang
Kejahatan mulai menghampiri
Menerkam keberanian
Menumbuhkan benih keraguan
Biarlah aku terbangun dari tidurku
Melupakan kepiluan
Yang mungkin terlalu menakutkan
GEGURITAN
GEGURITAN
o Pangertene Geritan
Geguritan yaiku wohing sastra kang habasane cekak, mentes, lan endah. Geguritan asale saka tembung “gurit”,kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Geguritan iku kalebu puisi jawa modhern, amarga ora kaiket ing aturan kayadene tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudake karya kang sipate pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijine beda-beda. Angen-angenkang an sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepake panganggit. Kanti mengkono, geguritan iku bahasane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyane.
o Ciri-Ciri Geguritan
ü Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
ü Mentes, yaiku tembunge nduweni makna kang jero
ü Endah, ngemu purwakanthi lan lageyane basa
ü Tetembungan pilihan
o Carane Maca Geguritan
Supaya bisa maca geguritan kanti becik, kudu paham anane telung perkara yaiku :
ü Paham isine lan ngerteni simbul utawa pralambang sing ana ing geguritan
ü Nguwasani teknik fokal kanthi becik
ü Pinter nandukake ulah kridhaning awak lan praupan (perfomance)
o Langkah-Langkah Sing Kudu Ditindaake Nalika Arep Maca Geguritan
ü Maca geguritan ing njerone batin, kanggo mahami isi lan swasanane geguritan (sedhih, bungah, semangat, kuciwa, lsp).
ü Nemtokake adegan utawa jedha ing ngarep, ing tengah, apa ing mburi
ü Nemtokake bagiyan-bagiyan sing kudu ditandhesake anggone maca (banter, lirih, kalem, cepet, lsp).
ü Jroning maca pangucapane tembung kudu cetha lan bener
ü Obahe awake, kanyata : tangan, sirah, sikil, driji, epek-epek, lsp. Kudu bener-bener bisa nyengkuyung isine geguritan
ü Polatane (ulate) saka praen kudu cocok karo swasane geguritan sing diwaca
o Sing Kudu Ditindakake Nalika Maca Geguritan
ü Pahamana isine lan wacanen sing cocok karo isine
ü Pangucapane saben-saben tembung lan ukara kudu jelas
ü Adhegan lan anggone medhot ukara kudu pas
ü Ucapna kanti nadhes tembung-tembung sing perlu ditadhesake
ü Yen nalika maca nggawa naskah,usahakna penyawange aja mung tumuju ing naskah wae, nanging nyawanga ngarep utawa nyawang wong sing nonton
ü Aja katon gumeter lan gugup
ü Yen perlu gunakna lagak lageyan (gaya) sing apik, nanging aja kakehan
ü Nalika maca ora usah kesusu, wenehana andhegan ing saben-saben baris
ü Wacanengeguritan kanti kebak perasaan, bayangna lan paragakna kaya-kaya kowe ngalami tumenan apa sing dikarepake jroning geguritan sing kowaca
ü Swarane aja monoton, sok-sok nganggo swara banter, sok-sok ya lirih, sok-sok ya kalem.
o Tuladhane Geguritan
Ron Garing
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angina
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angina
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Crita Saka Manca
ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak
nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi
kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti
ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak
nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi
kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti
Babad Wedhi Pasisir
Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?
biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan
iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar
Langganan:
Postingan (Atom)